Wednesday, October 3, 2012

MAKHLUK TUHAN YANG PALING NGGATHELI PART 2

KEMPING MEMBAWA BERKAH Arek-arek mahasiswa anyar koncone Boy sak jurusan siap-siap ate budhal ospek jurusan. Rencanane ate kemping nang Coban Rondo. Kabeh kudu melok, soale nek gak melok engkok di-DO (mosok, se?). Mangkane kabeh kumpul sore iki nang parkiran sebelahe mesjid. Wis onok telung trek tentara sing disiapno gawe ngangkut arek kabeh. “Perhatian…truk satu dan dua untuk maba cewek, truk tiga untuk maba cowok. Dilarang campur cowok dan cewek dalam satu truk!” mahasiswa senior bengok-bengok nggawe megaphone. “Walah…mosok lungguh bareng nang trek ae isok meteng, cak?” saut Boy. “Siapa itu tadi yang ngomong?” Awas, jangan celometan, ya? Kalau gak mau, silakan naik angkutan lain aja, gak usah protes!” jare senior. “Asiik…, ayo Ngga, numpak mobilmu ae, jarene mas iku dikongkon numpak angkutan lain,” ajak Boy nang Angga. “Sik, Boy…barang-barange awake dewe wis mlebu nang nggone trek, yok opo iki?” takok Soni. “Yo jupuken, cuk, mosok ngongkon Bibikmu njupuk?” sentak Boy. Soni cepet-cepet njupuki tase de’e, Boy, Angga, karo Kosim, trus dilebokno nang Nissan X-Trail-e Angga. “Ayo, Sim, kon melok gak? Ngowo thok ae koyok kobokan cangkemmu!” Boy nyentak Kosim sing lholhak-lholhok. *** Jam papat sore rombongan mahasiswa iku budhal dilepas Pak Joko, wakile kampus. “Bapak harap, kalian sebagai generasi muda penerus perjuangan bangsa dapat terus memelihara rasa cinta dan bangga terhadap tanah air, seperti apa yang telah dicontohkan para pahlawan pendahulu kita yang telah gugur mendahului kita tanpa pamrih…” jare Pak Joko ambek nangis srenggukan. “Wong gendeng,” jare arek-arek gak ngereken. “Sampean iku ngekeki sambutan ta upacara tujuhbelasan,” jare Boy gregeten. Iring-iringan iku langsung budhal, ninggalno Pak Joko sing sik ngecemes ae lambene ambek nangis-nangis gak jelas. “Jare budhal tibake teko,” Soni moco pantun. “Opo artine?” takok Angga ambek ngegas mobile. “Selamat tinggal Pak Joko…”saut Soni karo dhadha. Arek-arek ngguyu ngakak… Metu tol, pas sampek Porong moro-moro Kosim njaluk mandheg. “Tretan, mandheg disek, yo,” jarene. “Lapo, kebelet nguyuh ta?” takok Soni. “Ndak, aku pengen ndelok Lumpur Lapindo. Mumpung liwat, mandheg diluk yo,” jaluk Kosim. “Jancuk…Ndeso iki… gak usah, gak usah! Engkok kene ketinggalan ambek liane. Pas moleh ae Sim, ojok saiki!” jare Boy. Kosim meneng ae. Cangkeme mecucu, sampek isok dikuncrit. “Nggondhok koyok kodhok…,” gudho Boy. “Nesu koyok asu…” tambah Soni. “Purik koyok kirik…” saut Angga “Ha…ha…ha…” arek-arek ngguyu kekel. Kosim mesam mesem thok koyok asu. Mobil mlayu terus ngetutno rombongan sing nang ngarep. Sampek teko Batu, Soni kumat gatele. “Eh, rek…gak nggolek arek wedhok ta? Nang kene aku eruh nggone cewek-cewek bokingan,” jare Soni. “Cuk, emoh, aneh-aneh ae iki!” tolak Boy. “Walah…murah kok, seket ewuan. Satus ewu paling gelem digawe wong papat. Engkok taknyangno,” jelas Soni. “Cuk, cangkemmu bosok ancene, Son! Males aku…, nek ate mbalon, mbalono dewe, ojok jak-jak!” sentak Boy. “Iyo, Soni iki…Engkok nggarai mobilku apes ae, ojok…ojok!” jare Angga. “Nang Coban Rondo lo adhem, cak! Rugi gak onok sing dikeloni, rek!” Soni sik mekso. “Mangkane jenengmu Soni, koyok merek sempak, lha wong pikiranmu nang sempak thok ae! Pokoke nek gak, yo gak! Nek koen sik pingin kelon yo iku kelonono Kosim ae!” sentak Boy. Soni meneng ae karo mrengut. Atine mbedhodhog disentak Boy koyok ngono. “Koen lo sopo nyentak-nyentak aku koyok ngono,” batine de’e. Suasana dadi rodok gak enak. Rodok panas. Kabeh meneng gak onok sing guyon… “Nggondhok koyok kodhok…,” moro-moro Kosim muni. Boy ngelirik Angga. Angga yo ngelirik Boy ambek ngempet ngguyu. “Nesu koyok asu…,” tambah Kosim koyok gak duwe duso. Boy ambek Angga wis gak kuat ngempet ngguyune. “Purik koyok kirik…!” jare Boy ambek Angga barengan. “Ha…ha…ha…!” “Jancuk…asu…koen nyemoni aku yo…” Sony ngantemi lengene Kosim karo ngguyu kekel. “Aduh…aduh…ampun, Son, ampun…guyon…” Kosim nggoceki tangane sing kelaran diantemi Soni. “Ha…ha…ha…!” *** Kabeh mahasiswa anyar mlebu nang kemahe dewe-dewe sing wis dibagi karo senior. “Son, tasku endi, kok gak onok? Koen lali njupuk tekok trek yo?” takok Angga. “Gak, Ngga, wis takjupuk kabeh, kok…Tasku, tasmu, tase Boy, tase Kosim, kabeh wis taklebokno mobilmu,” jare Soni. “Kon keliru njupuk be’e, Son. Iki lo tase onok jenenge Anya, duduk Angga. Wah, soro kon iki, Son!” Angga ketok jengkel. “Waduh, iyo, Ngga, sepurane yo…Soale kabeh tase kan seragam, ambekan mau kesusu-susu, aku gak nguwasi nek jenenge kliru.” “Dibalekno nang kemahe senior ae, Ngga, sopo ngerti tasmu kijolan karo Anya. Ayo takterno,” jare Boy. Moro-moro tekok speaker krungu sworo banter. “Perhatian…perhatian…kepada semua maba diharap segera berkumpul di lapangan, acara api unggun dan makan malam akan segera dimulai!” Arek-arek langsung ngumpul kabeh nang lapangan gawe ngrungokno instruksi tekok senior. Nang lapangan peteng ndhedhet, cumak onok api unggun sing dadi penerangane. Howone uadhem pisan, sampek akeh sing kathuken. Moro-moro onok arek maba wedhok loro maju nang mejone senior, nggowo tas karo bisik-bisik. Ketokane arek wedhok sijine iku Prita. Gak eruh sitoke. “Perhatian…kepada maba yang bernama Angga diharap maju ke depan. Tas kamu ketuker sama tas maba lain.” “Ngga, cepetan jupuke tase areke,” jare Boy. “Iya, sebentar Mas, saya ambil tasnya dulu,” jare Angga ambek mlayu nang kemah njupuk tas. Mari ngono de’e maju ngekekno tase nang senior. “Itu bener tasmu? Namamu Anya?” takok seniore. “Iya, mas…Itu tas saya,” jare Anya karo mrengut. “Oalah, rek…rek…, wong ada tulisannya besar ANYA, kok ya masih keliru,” jare senior iku maneh. “Ha…ha…ha…” wong sak lapangan ngguyu kekel kabeh. Anya raine abang kabeh ngempet isin. “Lho, ayo kembalikan tasnya Anya, kok malah kamu pegangi terus!” jare senior. Angga ngekekno tase Anya. Tapi durung ditampani Anya tase tibo.”Waduh,”jare Angga. Isine tas iku langsung metu kabeh. Onok suri, wedhak, jepit rambut…Anya karo mangkel ndhodhok njupuki barang-barange. “Sini, takbantu,” jare Angga karo ndhodhok. “Gak usah!” tolak Anya. Tapi Angga tetep mekso ngewangi nglebokno barang-barange nang tase Anya. Moro-moro tangane nyekel barang putih, empuk koyok kapas. “Opo iki?” batine…”Hi…softex!” bengok Angga karo nguncalno barang iku. “Lho, softexe ngglundhung!” bengok Boy. Arek-arek sak lapangan tambah ngguyu kemekelen. Anya sing kisinan langsung mlayu nggowo tase nang kemah. Prita nulungi njupuki barang-barang sisane ambek mleroki Angga. “Mbak…roti kempite keri lo…!” jare arek-arek. “Ha…ha…ha…” suasane tambah dadi rame karo guyune arek-arek. Arek-arek kabeh antri mangan bengi nang mejo dowo ngarepe tenda senior. Pas ndelok panganane, Boy langsung kaget bin curiga. Ojok-ojok iki masakane… “Ayo, antri…antri…gak usah royokan, sik akeh kok,” moro-moro Mbak Pat metu tekok tenda ambek nggowo enthong. “Jancuk…bener kan perkiraanku. Asu…nang kampus mangane Mbak Pat, nang kene mangane Mbak Pat pisan. Gak onok katering liane, ta?” takok Boy. “Gak usah kakean cangkem, mbadhog ta gak?” Mbak Pat jual mahal. “Mangan, cuk! Timbangane kaliren gak onok sing dibadhog!” Boy rodok mangkel, tapi yo tetep njupuk sego. Mari mangan acarane istirahat. Angga mbisiki Boy,”Boy, aku gak enak ambek Anya, ketokane areke sing ngamuk. Terno po’o, aku ate njaluk sepuro.” “Ayo, engkok njaluk tulung Prita ae. De’e kan koncone Anya,” Boy langsung tangi. Arek loro iku langsung nang nggone tendane arek wedok. Boy langsung nyeluki Prita. “Prit…Prita…kamu belum tidur kan…” Boy bisik-bisik nang pinggire Tenda, ndelik nang mburine uwit, wedi ketok senior. “Belum…siapa, tu?” takok Prita tekok njero kemah. “Aku, Boy…kamu keluar bentar ya, ada perlu penting nih.” Prita metu tenda ambek tolah toleh, soale peteng. Boy langsung methuki ambek Angga. “Ini, lo, Prit…Angga mau minta maaf sama Anya. Dia gak bisa tidur kalo belum minta maaf katanya. Kamu panggilin Anya, dong,” jare Boy. “Ya udah, gua coba ajak dia keluar ya, tunggu bentar.” Prita ngrayu Anya cek gelem metu. Tapi Anya gak gelem. Akhire Prita nyerah. “Boy, Anya nggak mau tuh. Besok aja ya Ngga, ntar aku rayu dia lagi deh biar mau maafin kamu…” jare Prita. Tapi Angga gak gelem. De’e langsung mbengok “Anya…aku mau minta maaf sama kamu. Kamu keluar dong!” Angga mbengoki tekok njobo. “Aduh…siapa sih itu teriak-teriak di luar!” jare mbak senior tekok njero tenda. “Anya, aku serius, nih…Kalo kamu gak mau keluar, biar aku yang masuk!” Angga rodok esmosi. “Ngga…Ngga…ojok gendeng koen!” Boy nggoceki tangane Angga. Tapi telat, Angga wis nekat mlebu tendane arek wedhok. Boy ketarik mlebu pisan. “Aaaa….ada cowok…keluar…keluar…!” mbak senior sing lagi ganti klambi jerit-jerit ambek nutupi dhodhone sing kutangan thok karo selimut. “Kurang ajar, gak duwe aturan…Tolong…!” Spontan suasana dadi rame. Senior lanang-lanang langsung teko ambek ngamuk-ngamuk. “Onok opo iki?” jare Mas Bayu, ketuane senior. ”Arek loro iki maneh!” “Arek loro iki kurang ajar, mas! Masuk tenda cewek malam gini!” jare arek sing ganti klambi mau. “Iya…tolong…mereka mau memperkosa saya. Mereka mau merampas kesucian saya…” jare Mbak Pat ambek nutupi wajahe. “Cuk…sampean lo wis gak prawan…” sentak Boy. “Sudah, sudah! Kalian berdua dihukum gak boleh tidur di tenda. Kalian harus tidur di lapangan dekat api unggun. Titik!” hukum Mas Bayu. Angga ambek Boy dikeler metu tenda koyok tahanan Medaeng. Melas, cak… “Alhamdulillah…untung kesucianku tetap terjaga,” jare Mbak Pat cuek. Cewek-cewek langsung kudu mutah kabeh. Boy ambek Angga lungguh kathuken nang pinggir api unggun sing wis mati. Moro-moro krungu sworo tekok tenda lanang. “Ealah, Sim… mau sore digolekno wedok nang mBatu, jarene emoh…tibake nggolek wedok dewe nang tendane arek wedok. Ha..ha..ha…” “Cuk…iku swarane Soni, nyemoni awake dewe, Ngga!” Boy mecucu ae. Tapi Angga gak nyauri. Kit mau meneng ae. Moro-moro onok sworo senior nyentak-nyentak, ”Ayo, metu! Kon iki mokong yo…Wani-wanine ngombe nang njero tenda. Metu!” Senior iku ngamuk ambek nyengkeweng klambine Kosim ambek Soni. Arek-arek metu kabeh kaget. “Kita gak mabuk kok Mas, Cuma minum dikit buat anget-angetan,” Kosim alasan. “Iya, Mas…saya lho gak ikutan minum,” jare Soni. “Cangkemmu lo mambu alkohol! Sik mungkir ae!” Mas Bayu cumak gedheg-gedheg thok ndelok kelakuane arek-arek iki. Mendem nang njero tenda, cuk. “Kalian berdua bergabung sama yang dua itu. Kalian tidur disana sampe pagi!” “Anak-anak jaman sekarang itu ya…,” Mbak Pat manas-manasi, “Mana minumannya, sini, biar saya saja yang simpan,” jarene. “Cuk, asline sing mendem paling yo Mbak Pat karo arek-arek senior,” batine Boy, “Titenono koen yo, kejahatan harus dibalas dengan kejahatan yang lebih sempurna!” “Opo’o Boy?” takok Angga. “Gak…gak po-po…” jare Boy ambek ngrogoh sak celonone,”Oh…sik onok barange…” Tambah bengi howone Coban Rondo tambah uadhem. Arek papat iku dempet-dempetan ngilangi adhem koyok wong keroken. Melase, cak…Koyok wong mbambung gak nduwe omah ae, turu keleleran nang lapangan. Moro-moro onok arek wedok loro nekani kono. “Lho, Prita, ngapain kamu?” takok Boy. “Ssssstt…ini aku ama Anya bawain selimut buat kalian. Tapi cuman dua. Dibuat berempat ya…” jare Prita. “Kalian nggak pake selimut?” takok Boy. “Aku sama cewek-cewek lain nyampur jadi satu selimutnya. Udah, ya…, ayo semuanya…” “Wenake rek…nyampur jadi satu karo cewek-cewek lain, melok po’o” jare Soni. “Wis, cuk, ojok nyocot ae, iki lo, koen selimut siji ambek Kosim. Aku tak kelon karo Angga,” jare Boy. “Cuk…gak sido kelon ambek cewek, tambah ngeloni wedhus iki…Ayo sayang, kene tak keloni,” jare Soni ambek ngrangkul Kosim. Kabeh ngguyu cekikikan, wedi krungu senior. Isuk wis teko, srengengene wis mlethek. “Ayo, tangi-tangi!” Boy digugah senior, “Lho, kok onok slimute? Oh, mokong arek-arek iki!” Boy angop ambek mullet,”Wuuaahh…wis isuk rek, weteng luwe pisan.” Jarene. “Ayo-ayo semua bangun! Persiapan untuk olahraga dan sarapan pagi!” Mas Bayu bengok-bengok liwat megaphone. Soni, Kosim, ambek Angga mlebu nang tenda. “Boy nang endi Son?” takok Angga. “Emboh, ngising paling…”jawab Soni sak kecekele. Boy mlayu-mlayu nemoni Prita ambek nggowo bungkusan. “Ada apa, Boy? Kok gitu wajahmu,” jare Prita. “Enggak…nih, aku bawain jatah sarapan pagi kamu sama Anya. Ada dua bungkus, tapi sembunyiin dulu, jangan sampe ketauan senior. Entar aku dihukum lagi!” “Iya…iya…makasih ya Boy!” Boy mlebu nang tenda lanang ambek ngos-ngosan. “Ngising nang endi, koen?” takok Soni. “Ngising mattamu, yo! Iki lho njupukno jatah sarapanmu!” “Wah, koen iki ancene konco paling uapik kok, Boy!” jare Soni ambek njupuk sego bungkusane. “Gathel! Nek onok butuhe ae aku mokelem-elem! Tapi mangane engkok ae bareng liane, rek,” jare Boy. “Arappa?” takok Kosim. “Wis, ta, ojok nyocot ae!” *** Jam wolu pas, acara sarapan dimulai. Kabeh oleh jatah sego bungkusan. Pas mari mangan moro-moro akeh sing wetenge loro, embuh kenek opo. “Mas, perutku sakit…,”jare arek-arek. “Iya, mas, jadi kebelet be’ol nih,” jare liane. “Iya, ada apa dengan makanannya nih, perutku juga mules,” jare Mas Bayu. “Makanannya mungkin, Mas. Mungkin masaknya kurang higienis,” jare Boy, “Sopo sih sing masak?” “Mbak Pat,” jare arek-arek. “Mbak Pat disuruh masak…Emangnya dia tau expired date itu apa, higienis itu apa…Nggak nyalahin Mas, kalo sekarang banyak anak-anak yang rebutan ke toilet,” jare Boy. “Ya ampuun, sumpah, aku juga gak ngerti kenapa jadi begini,” Mbak Pat setengah nangis ndelok akeh arek sing kecirit-cirit. “Mangkane ta, Mbak Pat nek mari ogok-ogok upil iku tangane diwisuhi…ojok langsung digawe masak,” nasehat Boy. “Iyo…nek mari garuk-garuk daerah sensitif iku tangane dicuci bersih dulu…” tambah Soni. “Iyo…nek masak ojok dicampuri minuman keras!” jare Kosim sing sik loro ati bir iteme ditenggak Mbak Pat. Mbak Pat nangis karo mancal-mancal. De’e stress bengok-bengok. “Gak usah nangis…tambah elek,” Boy cekikikan karo Soni. “Iyo, tambah mirip karo bedhes Coban Rondo!” Boy ngajak Angga marani Prita ambek Anya. Soni wis ucul dewe karo Kosim nggolek nggon gae mendem. “Prit, daripada disini ngeliat orang-orang sibuk rebutan toilet, kita pergi ke air terjun yuk?” ajak Boy. “Iya, ayo Anya, aku juga bingung kok tiba-tiba banyak orang sakit perut ya,” jare Prita. “Tempatnya jauh nggak Boy?” “Enggak, kok…jalan kaki paling sepuluh menit,” jare Boy. Arek papat iku mlaku mudhun nang air terjun Coban Rondo. Selama perjalanan wis nemoni wong papat sing bingung golek nggon ngising nang semak-semak. “Ngapain mas jongkok di situ?” takok Boy. “Eh…lagi nyariin hape…tadi jatuh di sini,” jare mas senior. “Nyariin hape kok cuma jongkok di situ, mana bisa ketemu!” Boy, Angga, Prita, karo Anya mlaku terus nang air terjun. “Itu, Boy, air terjunnya kelihatan!” bengok Prita. “Ayo kita dulu-duluan ke sana, yang kalah gendong ya!” jare Boy ambek mlayu. “Boy…kamu curang!” Prita melok mlayu pisan nguber Boy. Garek Angga ambek Anya thok mlaku kalem-kalem nang mburi. “Koyoke arek loro iku cocok nek pacaran, yo Nya?” takok Angga. “Hus! Prita lo wis duwe pacar. Pacare polisi, lo Ngga!” jare Anya. “Iyo, ta? Tak pikir Prita iku sik durung duwe pacar, tibake pacare polisi,” Jare Angga. “Nek koen Nya, wis duwe?” Anya meneng ae. Trus ndhase gedheg-gedheg. “Nek Boy…wis duwe pacar durung, Ngga?” takok Anya. “Durung nduwe…Emboh Boy iku, padahal raine lak ngganteng, mesti akeh cewek-cewek sing seneng karo de’e. Gak koyok aku,” jare Angga setengah putus asa. (Janciik…Boy ae diwara ngganteng, nek jare mirip Christian Sugiono iku lak jarene de’e dewe. Asline lo luwih mirip Chris John.) “Opo’o koen?” takok Anya. “Raiku lo gak masuk itungan blas,” jare Angga. “Jare sopo…koen lo Ngga luwih dhukur timbang Boy, luwih atletis, gak kakean model, rupamu yo mirip Afgan…” “Koco motone thok!” saut Angga. “Nggak, maksudku…kan gak setiap cewek suka type cowok yang sama, Ngga,” jelas Anya. “Lha nek dikongkon milih aku opo Boy, koen seneng sopo?” takok Angga. Anya langsung mandheg. Kaget ditakoki Angga koyok ngono. “Koen luwih seneng Boy, kan?” takok Angga. “Enggak…Boy lo kelakuanae koyok wong gendeng… sunggoko jare aku, yo mendingan koen,” jare Anya. “Maksudmu koen seneng karo aku?” takok Angga. “Gak ngono, maksude nek dikongkon milih, aku ancen milih koen, tapi gak berarti aku gelem…” “Gak perlu dijawab saiki, kok, Nya,” jare Angga ambek mencolot njabut kembang nang pinggir kali. “Gak popo kembang iki takdeleh nang rambutmu?” takok Angga. Anya mesem thok karo manthuk. “Hayo…pacaran yo!” getak Boy karo Prita tekok mburi. Klambine arek loro iku teles kebes kabeh, paling mari sirat-siratan banyu nang air terjun. “Iya, nih…pake acara nyelipin kembang di rambut segala. Romantis banget kayak sinetron kejar tayang,” jare Prita. Angga ambek Anya kisinan, cumak mesam-mesem thok koyok maling konangan nyolong. Moro-moro Boy mencolot nang kali njupuk kembang pisan, ate dikekno Prita karepe. “Prit, tak taruh di rambutmu ya, kamu pasti cantik,” jare Boy ambek ndeleh kembang, tapi tangane langsung disampluk Prita. Kembange tibo nang kali terus kintir kegowo banyu kali sing bening. Boy meneng ae ambek ndeloki kembang sing kintir iku. Terus de’e ndeloki Prita. Prita cumak ndingkluk ae gak wani ndelok motone Boy. “Aku tau Prit…,” jare Boy. “Tau apa, Boy?” “Polisi itu kan,” jare Boy. “Kamu sudah tau, Boy?” takok Rita lirih. “Ya wis…ayo kita kembali ke kemah, pasti sudah ditunggu yang lain,” jare Boy ambek mlayu banter ninggalno arek telu iku. “Boy!” Prita mbengoki Boy. Raine ketok mbrabak. Tapi Boy wis mlayu adoh ninggalno kabeh. “Sudahlah…ayo, Prit,” jare Anya ambek ngerangkul Prita mbalik nang kemah. *** Sumber : http://yogaagakgila.blogspot.com

MAKHLUK TUHAN YANG PALING NGGATHELI PART 1

Dino iki Boy mlebu kuliah pertama kaline. Kit mau macak nang ngarepe koco ndek kamare gak mari-mari. Mekitik ancene, atase pertama kuliah ae, gayane koyok yok-yok-o. “Cuk, ancene ngganteng aku iki tibake,” jarene de’e dhewe, ambek ngelus-elus rambute. Koyok asu! Ngelem awake dhewe… “Bah…Mik…aku budhal, salamlekom…!” pamite nang Abah ambek Umik. “Iyo, le…,” saut Umik, “Bah, dipamiti anakmu iko lo…mbidheg ae!” “Boyo iku nek budhal gak tau… pamit wong tuwane,” jare Abah. “Iko lo..areke sik tas pamit!” sentak Umik. “Wong pamit garek cangkeme mangap ae opo angele, se?” jare Abah maneh. “Oalah…ancene budheg! Percuma ae ngomong sampek lambe mrongos, kono gak krungu opo-opo!” sambat Umik, “Wis, emboh tak nang salon ae, manicure pedicure…” *** Boy markir Tigere nang ngisore wit sono ngarepe fakultas ekonomi. Arek iku sik tas ketrimo nang jurusan manajemen Universitas Karang Menjangan nang Suroboyo. Terkenal lo universitas iku. Mangkane de’e guaya saiki. Kelas wis dimulai, Boy sik tas mlebu ruangan. Arek sakkelas ndeloki kabeh. Dosene opo maneh, ndeloki ambek mecucu cangkeme. “Oalah mas…hari pertama kuliah sudah telat. Sana duduk!” sentak dosene. “Duduk dimana, Pak?” takok Boy. “Nang kene lo…”jare dosene karo nduding bolongane irunge. “Terserah kamu mau duduk di mana.” Boy langsung lungguh nggolek kursi sing kosong. “Nama saya Joko, kalian boleh panggil saya Pak Joko. Saya mengajar mata kuliah Pengantar Bisnis,” jare dosen iku. “Sekarang saya ingin kenal dengan kalian juga. Ayo, yang tadi telat, siapa nama kamu?” “Saya, ta Pak?” takok Boy ambek tolah toleh kiwo tengen. “Iya, yang telat kan kamu!” Pak Joko rodok emosi jiwa. “Lho, yang lain gak ada yang telat, ta? Masak cumak saya?” “IYA, KAMU THOK YANG TELAT!” Pak Joko wis muntap. “Ya sudah…Saya akan mulai…maaf, saya tadi disuruh apa?” “Perkenalkan dirimu, cuuuk…..!” Pak Joko njambaki rambute dhewe, stres de’e ndelok kelakuane Boy. “Nama saya Boyo, tapi panggil aja Boy. Sebenarnya nama saya Prabowo, tapi gara-gara petugas yang nyatat akte kelahiran saya itu guoblok, kliru nulis Praboyo di akte, akhirnya rapot saya pas SD sampe ijazah SMA saya ya pakek nama Praboyo. Padahal sumpah, nama asli saya itu Prabowo, kalo gak percaya tanya aja sama Abah atau Umik saya,” jare Boy panjang lebar. “Bah boyo, bah bajul, bah nyambek, urusanmu, cuk!” Pak Joko mulai ngomong karo nyekeli ndhase, ”Ndak tau, tiba-tiba hari ini saya gak mood ngajar…Gini aja untuk bab satu ini kalian saya beri tugas buat ringkasannya, dibuat satu kelompok dua orang. Nomer absen satu dengan nomer absen dua, tiga dengan empat, dan seterusnya. Minggu depan dikumpulkan!” “Dikumpulkan dimana, Pak?” takok Boy. “Nang kene lo…” Pak Joko nduding bolongane irunge maneh. “Lho, kuliah sudah selesai, ta?” takok Boy. Pak Joko gak njawab, cumak ngombe banyu putih, trus nyumet rokok ambek metu ruangan. Cangkeme sik mecucu ae. *** Boy nyangklong tase metu nang nggone kantin. Ate moleh yo males, engkok onok kuliah maneh jam siji awan. Nang kantin ae wis. “Bulik, mangane opo?” takok Boy nang Bu Kantin. “Bulik mattamu yo…Kapan kawin ambek Paklikmu?” semprot bakule. Jenenge Mbak Pat. “Kerenge…Wis gak ayu…jahat pisan,”jare Boy. “Babah ta, masio gak ayu sing penting lak wis payu,” jare Mbak Pat. “Endel! Mangane opo ae? wetengku wis kaliren iki lo, cuk!” “Pecel, rawon, lodeh,” saut Mbak Pat. “Ndeso, cuk! Iki lho kantin fakultas ekonomi universitas paling get sak-Suroboyo, dodolane kok gak keren blas,” jare Boy. “Nyocot ae! Mangan ta gak?” Mbak Pat mulai gregeten. “Yo wis, sego pecel dikeki duduh rawon, gak athek kangkung, sambele pinggirno, peyek kacang ae, iwake empal, kek-ono bali tahu, segone tambahono, cuk!” Boy mulai rewel. “Tak banting temen piring iki,” Mbak Pat ancang-ancang ate mbanting piring nang tangane, “Garek mbadhog ae rewele koyok prawan ate manak!” “Ngombene es teh, ojok legi-legi, es batune thithik ae, gak usah sedotan.” “CUK!” Mbak Pat stress. Moro-moro tekok mburi pundhake Boy dijawil wong. “Eh, jaran!” Boy kaget terus noleh nang sing njawil de’e. Arek iku ancen koyok asu, kagetan, latah pisan. “Eh, maaf, nama kamu Boyo kan? Praboyo kan?” takok arek wedok sing njawil Boy mau. “Iya, bener, tapi panggil aku Boy aja. Kok tau nama saya? Wah, resiko jadi orang ngganteng ya, baru pertama masuk kuliah, wis terkenal,” Boy mulai mekitik. “Rai Gedheg,” gremeng Mbak Pat. “Enggak, aku lihat nama kamu di absensi, kita satu kelompok buat tugasnya Pak Joko. Eh, iya, namaku Prita,” jare cewek iku ambek ngekekno tangane ngajak kenalan. “Boy,” jare Boy ambek nyaut tangane cewek iku. “Cuk, tangane alus, cak!” batine Boy. “Wis, ojok suwi-suwi salamane…Kesempatan…”jare Mbak Pat. “Boy, kalau mau ke Hotel Garden Palace naik angkot yang mana ya?” takok Prita. “Lapo, eh ngapain ke hotel?” Boy mikir macem-macem. Mosok sik tas kenal wis ngajak check-in? Resiko wong ngganteng, pikire…Areke ayu pisan. Boy wis kemrengseng, nggoceki slerekane. “Enggak…aku kan dari Bandung, di sini belum dapet kos-kosan. Jadi sementara ini tinggal di hotel dulu. Naik jurusan mana ya Boy?” “O…Tak pikir ate ngajak…Gini aja, gak usah naik angkot, tak anterin aja naik sepeda motorku ya? Sebentar…” Boy mlayu njupuk Tigere. “Gak usah Boy…!” Prita karepe nolak. Tapi Boy wis mlayu adoh. “Hati-hati, mbak…Jangan mudah percaya sama orang yang baru kenal. Ini Surabaya, mbak. Kota Buaya!” Mbak Pat mulai menghasut ambek nyuntek duduhe rawon nang sego pecele Boy. “Ayo…!” bengok Boy tekok Tigere. “Lho, nggak pake helm, Boy?” takok Prita. “Gak usah, deket aja kok, lagian Pak Polisi kan Sahabat Anak?” “Boyo…segomu iki yok opo?” bengok Mbak Pat. “Gak sido, panganen dhewe!” jare Boy ambek ngegas Tigere banter. “Asu iku…!” semprot Mbak Pat. *** Pirang ndino kuliah, Boy wis nduwe konco akeh. Onok sing jenenge Soni, Angga, karo Kosim. Soni iku arek Malang. Senengane mbalonan, ngajak nang Dolly terus…Sampek konco-koncone sumpek kabeh. “Cepitno lawang kono lo, nek sik gatel ae!” jare konco-koncone. Nek Angga iku arek Suroboyo koyok Boy. Areke dhukur, pinter main basket. Pas SMA biyen jarene tau menang basket trus dikirim nang luar negeri. Asline se yo gak pinter-pinter nemen, wong tuwane ae sing sugih. Dhuwike akeh, cuk! Sing Kosim iku arek Meduro. Kos nang daerah Gubeng Kertajaya. Senengane mendem. Alcoholic pol. Wong kadang-kadang nek pas kebelet, de’e tuku alkohol 70% nang apotek daerah Dharmawangsa trus diombe dicampur nutrisari. Ancene wong gendeng. “Nang endi iki, rek? Kuliah maneh engkok jam papat sore, sik suwi,” takok Boy nang konco-koncone.”Mosok nang kantin kene sampek engkok sore? Males, cak! Bakule lo raino gak isok didelok, saking eleke.” “Nang Dolly ae, Boy, awan ngene sik tutup ta?” takok Soni. “Cuk, raimu mbalon thok ae. Males-males, budhalo dhewe!” sentak Boy. “Aku gak onok sepeda, Boy, nyilih Tigermu yo?” rayu Soni. “Emoh! Engkok tonggoku liwat kono, pas ndelok sepedaku dipikir aku mbalon, matek aku. Mari ngono dikandakno Abahku, tepak wis…gak oleh sangu temen aku,” jare Boy. “Trus nang endi lo, sik yah mene lo Boy,” takok Angga. “Nang kantin kene ae lho ambek mangan-mangan jajan,” Mbak Pat melok nyauti, koyok nyaut pemean. “Nyaut ae gak dijak ngomong!” sentak Boy. “Ya iya lah, masa ya iya dong. Mulan aja Jamilah bukan Jamidong. Secara gitu loh,” jare Mbak Pat tiru-tiru arek gaul. “Cuk, wis tuwek ae gayane koyok arek ABG. Ate bongko ae kakean model,” tambah Boy. “Suka-suka gua dong, Emang Gue Pikirin,” jare Mbak Pat koyok Maia Ratu ambek mbenakno bulu mata palsune sing ate rontok. “Cangkruk nang nggone Cak-Cuk ae, rek! Nang Dharmawangsa kono lo, cidhek kok,” jare Boy. “Kenengan napa neka, Boy ( panggonan opo iku, Boy )?” takok Kosim. “Ojok nggawe boso Meduro ta, cuk! Aku lo gak eruh artine,” jare Boy. “Artinya tempat apa itu, rek?” jelas Kosim. “Toko koyok distro ngono, tapi kaose desaine tentang Suroboyo thok. Pokoke lucu-lucu, ngguatheli pol. Suroboyoan temen,” jelas Boy. “Iyo, aku yo tau tuku ambek adikku nang Balai Pemuda, tulisane Surabaya Kota Pahlawan, tapi gambare Super Hero koyok Superman, Batman, Spiderman. Lucu, cuk!” jare Angga. “Kon tukuo sing gambare Patung Dolyberty ae Son, cocok! Raimu lak sering nang Doly se, he…he…he…,” Boy ngguyu kemekelen. (Asline pas bagian iki aku males nulise, soale bermuatan sponsor alias iklan. Tapi yok opo maneh, namanya juga sponsor, ya harus dimuat) Moro-moro sak durunge arek-arek budhal nang counter-e Cak-Cuk, onok arek wedok nyeluk Boy. “Boy, kamu mau kemana? Tugasnya Pak Joko udah dikerjain belum? Besok pagi dikumpulin lo, Boy!” bengok Prita. “Oh, iyo…lali aku, cuk! Dikerjain sekarang aja, mumpung lagi gak ada kuliah, gimana?” takok Boy. “Ya udah, dikerjain diamana?” “Di sini saja, mbak…sambil makan-makan jajanan saya,” towo Mbak Pat ambek nyumet rokok nang lambene. “Ada ote-ote, klepon, tempe menjes, petisnya gratis lo.” “Kita kerjain di perpus aja ya, kamu jangan dekat-dekat dia, ntar ketularan jelek, ayo,” ajak Boy. “Asu! Raimu lo yo gak ngganteng-ngganteng temen!” amuk Mbak Pat. “Gak ngganteng yok opo se? Christian Sugiono lo, nek ketemu aku mesti kaget. Pikire, “lho, aku nduwe saudara kembar ta? Kok onok sing persis aku?” “Saudara kembar dari Hongkong…” Mbak Pat nggak ndelok ambek nyedot rokoke. “Sik, rek, yo, aku onok perlu iki,” pamit Boy nang arek-arek. Soni, Angga, karo Kosim cumak ngowo thok. *** Nang perpustakaan akeh mahasiswa sing lagi diskusi pisan, mboh gak eruh nggarap opo. Sok repot nyathet iki iku. Tapi sing gendaan yo akeh. Alasane sinau, asline yo rempon thok. Boy ambek Prita lungguh dhep-dhepan nang pojok cidhek cendelo. Prita ngetokno kathoke, eh, maksude laptop-e. “Boy, dikerjainnya langsung di laptop aja, ya. Ntar diprint-nya di rental sekitar kampus, biar besok tinggal dikumpulin aja,” jare Prita karo mbukak kathoke, eh, laptop-e. “Eh, iya,” jawab Boy. De’e gak konsen nggarap tugas, soale ndeloki wajahe Prita terus ambek mbayangno, Cuk, ayune, irunge mbangir, idepe malik, rambute lurus…Arek iki wis duwe pacar durung yo? Mosok durung-durung wis takok nduwe pacar ta gak? Isin, cak! Koyok wong crongoan ae. “Boy, mikirin apa, kok bengong aja?” jare Prita. “Eh, oh, enggak, gak mikirin apa-apa kok,” Boy kisinan dhewe. “Ini, definisinya menurut buku ini kayaknya terlalu panjang, kita ringkas aja Boy, biar lebih padat.” “Iya, lebih padat, lebih besar, saya suka,” jawab Boy. “Maksud lo?” Prita bingung. “Aduh, maksudku…gak ada maksud apa-apa sih,” Boy ngowo thok. “Kamu lagi gak konsen ya, Boy?” “Iya, aku kalo lagi lapar biasanya gak bisa mikir,” alasan Boy. “Ya udah, aku aja yang ngerjain, tapi kamu yang ngeprint ama buat covernya, ya? Ntar malam ambil di kosanku ya.” “Oke, nanti takprint di rumahku aja,” jawab Boy langsung mlayu metu, keluwen. Tapi gak suwe de’e mbalik maneh. “Eh, sori, alamat kosmu dimana ya? Mosok datang ke kosmu tapi gak tau tempatnya? Sama nomer Hpmu, kali aja aku perlu,” jare Boy. “Nih,” Prita nulis alamat ambek nomer HPne nang kertas cilik. “Thanx,” Boy mlayu metu. Tapi gak suwe de’e mbalik maneh. “Eh, sori, kamu mau ikut makan gak, aku mau cari makan nih,” ajak Boy. “Nggak deh Boy, ntar makan di kosan aja,” tolak Prita. “Ayolah, gak pa-pa. Kamu kan gak pernah makan makanan Surabaya yang aneh-aneh? Sekarang tak ajak wisata kuliner, ayo selak kaliren perutku.” *** Boy ngejak Prita mangan lontong balap nang daerah Kranggan. “Kamu gak papa ta, takgonceng naik sepeda motor?” takok Boy. “Nggak pa-pa, Boy, emang kenapa?” “Enggak…Surabaya kan panas, gak kayak di Bandung.” “Iya,sih…Panas banget, tapi gak pa-pa kok Boy.” “Jelas ae gak po-po, wong digonceng wong ngganteng koyok Christian Sugiono,” batin Boy, mulai metu mekitike. Koyok asu ancene! Sing dodol lontong balap wonge gendut, lontonge empuk, kecambahe renyah, wenak pokoke. Jarene sih…Pak Bondan sing nang Wisata Kuliner iku tau soting nang kene. “Ya ini namanya lontong balap, Prit, pake sate kerang, wah tambah sip,” jare Boy ambek njejelno lentho nang cangkemme. “Sambelnya kok item, Boy?” takok Prita. “Iyo, soale dicampuri petis. Paklik tambah lonthe, eh lenthone loro!” cangkeme Boy mulai crangapan. Prita ketokane kaget ambek panganan iki, trus langsung ngombe es degan . “Gimana, Prit, kamu suka makanan ini, kan? Kamu sudah punya pacar belum? UPPS!” Boy gak sengojo keceplosan ngomong, keselek sampek kecambah nang cangkeme muncrat metu. “Huk…ehk…,” Prita sing lagi ngombe es degan yo langsung keselek. “Ups…eh, sori….Waduh….,” Boy salting karepe dewe. Prita meneng ae ambek ngelapi klambine sing kutahan es degan. “Eh,… anggep percakapan tadi tidak ada ya, sori Prit…” *** Sore iku Boy nang kamare kelesetan ambek lenger-lenger. “Cuk, goblok, ancene aku iki, lapo lo mau ngomong koyok ngono. Asu…asu..! Ngene iki lak Prita maleh gak enak maneh.” Boy misuh-misuh karepe dewe, menyesali kegoblokane. “Yo… Boyo…iki lho onok gethuk tekok Bulik Yatemi. Gelem, gak? Selak dientekno Abahmu lho!Wong iku nggragas, gak isok ndelok panganan nganggur diluk!” bengok Umik tekok meja makan. “Emoh…Badhogan gethuk ae dipamerno! Ngrusak body! Dientekno Abah lak uwis,” saut Boy. Umik mlebu kamare Boy trus takok,”Lapo se, kon kok aras-arasen mangan? Onok masalah nang sekolahan ta?” “Sekolahan…Kampus!…Ndeso!” “Lha iyo, le…Opo-o? Gurune kereng-kereng ta?” “Guru…Dosen!…Ndeso!” “Lha iyo, dosene nek ngekeki ulangan angel-angel ta?” Umik sek mekso SKSD ( sok kenal sok deket) “Emboh, emboh, Mik…Tambah ngelu ndhasku.” “Nek ngelu yo ngombe obat, Yo. Sinau sing sregep, engkok nek males gak munggah lo,” nasehat Umik. “Oalah…Mik…Kuliah iku gak onok gak munggah, Mik!” Boy mulai jengkel. “Lho, nek males, nek goblok…yo gak diunggahno karo guru, eh dosene.” “Emboh…Aku metu disek…Salamlekom,” jare Boy langsung nyaut jakete. Ndhase mumet wisan. “Arek iku ancen angel kandanane. Engkok nek gak munggah temen yok opo,” sambate Umik,”Wis emboh, tak main PS ae.” *** Boy mlayokno Tigere nang tengah kota. Pas liwat Taman Bungkul kan akeh arek gendaan, de’e eling Prita. Oh, iyo aku lak janji ate njupuk garapan Penis-e Pak Joko (maksude Pengantar Bisnis). Bengi iki diprint, mene isuk dikumpulno. Langsung ae Tigere digas nang daerah Kertajaya, kosane Prita. Tapi tekok ngarep kosane Prita, Boy kaget, trus ndelik nang mburi wit pelem, wedi ketemon. Lho, kok onok polisi…Onok grebegan ta? Paling sabu-sabu…opo kumpul kebo. Atau judi togel? Ah, mosok se? Lho, polisine kok ngobrol karo Prita. Ojok-ojok…Prita iku Bandar SS, atau balon? Atau pengepul togel? Boy pasang mata pasang telinga. Ambegane mlebu irung metu silit, saking ndredhege. De’e pengen eruh lapo kok Prita ditangkep polisi. Tapi kok polisine ijenan gak onok koncone, yo? Lho, cuk, kok tangane polisi iku nyekel pipine Prita? Lho kok Prita dielus-elus rambute meneng ae…trus diambung bathuke. Boy tambah bingung. Ojok-ojok… Dengkule Boy moro-moro kemlothak lemes. Njerone ati de’e misuh-misuh. “Jancuk…” “Asu…” “Nggatheli…” *** Sumber : http://yogaagakgila.blogspot.com